Wangsalane Wong Cirebon Lan Indramayu


Dodok suwe bisa ambeyen
Adus suwe bisa meler
Iku wadon zaman sekien
Dadae dibuka pupue dieler



Jati Barang Jati Sawit
Wonge Garang beli duwe duit.

Buah kesemek kacang gawil
Diadange durung mateng
Orang ngemek orang nduwil
Nang ngapa bisae meteng?

Sega diadang terus diangi
Wis mateng wonge pada tangi
Baka metu bengi-bengi
Bonggan meteng bli duwe laki

Bocah pada dolan ning karang
Dolane jaran-jaranan
Heran temen zaman sekarang
Kawin senen selasa lahiran

Bajigur enak karo sekoteng
Nginume baka arep melek
Luruh sambel jagate peteng
Olih-olih tai tembelek

Njukut piring karo sendok
Kanggo mangan tahu gejrot
Limang taun ora ketemu senok
Pas ketemu tambah gembrot

Karang Sinom aduh baguse
Ana kumis aduh kandele
Lagi enom pada demene
Kawine wis pada tuae

Karang Sinom gudange areng
Diukur pada dawane
Lagi enom durung ana bareng
Ditunggu pada tuwane


Kunang-kunang gawe demen
Demen gah ning Kang Wawan
Iku lanang enak temen
Rabi siji Arab sijine Taiwan

Bengi-bengi nonton pitung
Pitung hebat akeh ilmue
Dasar nasib laki untung
Due rabi wis akeh anake

Jaran iku arena kuda
Baka penyu arane kuya
Bagen duwe rabi rangda
Sing penting mah wonge setia


Akeh gonggo karo yuyu
Yuyu atos iku capite
Enggo apa raine ayu
Baka demene mana mene


Layang layang murage ning pekarangan
Ati sun melayang keduhung kenang sampean

Tuku kojek olieh baso,
aja ngeledek ning wong doso
Mangan kojek ning sor gedang,
baka ngeledek kena tendang

dolan meng dermayu lewate palimanan,,
nyampe kertasemaya nenggor becae wa kaji..
nok wong ayu kakng banget kedanan.
kuwayang bahagia yen kelakon dadi siji..

oskadon cangkange biru.
njukut piring nggo wadah jangan.
demen wong wadon bli bisa turu,,
awak gering klalen nng mangan.

KEMBANG JAMBE TUTUP KETEL
DEMEN KABEH ORA ANA SING NYANTEL


nginum oskadon ning wayah awan,,
dipaih madu manis rasane,,
due wadon kerjane ning taiwan,,
lamon rindu mung bisa mandeng potone

Kuntilanak mangani kerupuk.
Dodok selonjoran klambine nepluk.
Paling enak due rabi bapuk.
Najan bli kasuran tetep rasane empuk

Dolan ning legok tuku iwak asin.
Numpak kopayu mudune ning karangsong.
Motok mogok keentokan bensin.
Cerbon dermayu bensin pada kosong

Gula pasir
Gula watu
Sing di taksir
Wis due putu    

Tuku srabi wetenge ngelih.
Rumbah semanggen di bungkus lima..
Luruh rabi aja pilah pilih.
Rangda gah bagen asal suka nerima

nonton persib lewate desa krasak.
Mamba jatisawit jebole ning palimanan.
Emang nasib sun dadi wong blesak.
Gampang gah luruh duit drpd luruh demenan

nandur kersem ning musim udan.
tutupan koran angger kecipratan.
pesam pesem sun kaya wong edan.
kenang kasmaran ning gadis anjatan

Tuku tawas di taroh ning longan.
Pelem kweni murag ning selokan.
Selawas lawas urip sun dadi bujangan.
Pengen ngerasani ndueni gendakan

Dina senen borong borong ning pasaran.
Tuku kudung biru balike kro boncengan.
Kaya kenen rasane wong lagi kasmaran.
Rasae blenak turu klalen ning mangan.

Dolan ning kroya tukune sarden..
mampir ning temiyang di suguhi roti..
indonesia wis arepan ganti presiden.
nangapa reang wadone bli ganti ganti

Komentar

jackobjacobsmeyer mengatakan…
Borgata Hotel Casino & Spa - Genting - Oyster Hotel Reviews
Find reviews 라이브바카라조작 and photos for the Borgata Hotel Casino & Spa in Atlantic 호날두 주니어 City, 벳익스플로어 NJ. See 사이트제작 photos, 먹튀검증업체순위 videos and read real customer reviews at Oyster Hotel Casino

Postingan populer dari blog ini

Tongkat Pramuka

3 Tokoh Wanita yang Berperan Dalam Proklamasi Kemerdekaan Indonesia